Blogger Tips and Tricks

Kamis, 03 Januari 2013

KALATIDHA

Mangkya drajating praja
Kawuryan wus sunyaruri
Rurah pangrehing ukara
Karna tanpa palupi
Atilar silastuti
Sujana sarjana kelu
Kalulun kala tida
Tidhem tandhaaning dumadi
Ardayengrat dene karoban rubeda


(kahanan negara saiki tambah suda,tatanane wis rusak, kusabab ora ana sing dadi panutan,wis akeh sing ninggalake angger-angger, wong pinter kagawa arus kalatida yaiku jaman sing mbalung usus,kahanane ya ngegeirisi,asabab repoting dunya)

Tidak ada komentar: